UNDANGAN JAWA ( SERAT SEDAHAN)
Ngawi, Januari 09 2025
Bismillahirrohmanirrokhim ..
Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Nambut Silaning Akrami
Dyana Nurul Jannah , SH. ( Putri Bpk. B. Wiharjo / Ibu Yunitri, Beran Ngawi, )
kaliyan
Soffan Hadi , SE., M. Bus. ( Putra Bpk. Edy Suharto / Ibu Temuwatie, Tempurejo,Tempuran,Paron,Ngawi )
Dhaup Suci :
Dinten : Minggu Kliwon,
Suryo Kaping : 9 Januari 2025
Wanci Tabuh : 09.30 WIB, Mapan ingBeran,Ngawi
Winantu Sagunging Pakurmatan,
Kanthi Lumaraping Nawala Sedhahan,
Minangka Sesulih Pisowan Kula Wonten ing Ngarsa Panjenengan, Sinartan
Nyadhong Berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, Kula Sabrayat Hanggadhahi
Pangangkah Badhe Ngawontenaken Syukuran Tuwin Pawiwahan Dhauping Sri
Penganten Anak Kula,
Dinten : Minggu Kliwon, Suryo Kaping : 9 Januari 2025, Wanci Tabuh : 12.00 – 14.00 WIB, Mapan ing Gedung Madu
Chandya,Ngawi
Setuhu Badhe Damel Bombong Saha Mongkoging
Manah Kula Sabrayat, Bilih Dhangan ing Penggalih Saha Sepen ing
Sambekala Bapak / Ibu Kepareng Rawuh Hangestreni Saha Paring Puja
Pangastuti Dhumateng Anak Kula Sri Penganten, Supados Dados Kaluwarga
Ingkang Bagya Mulya
Wasan Kula Sagotrah Hangaturaken Agunging Panuwun Saha Nyuwu Lubering Pangaksami Sadaya Kekirangan Dalah Kalepatan Kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula,
Keluarga Bpk. Edy Suharto/Ibu Temuwatie
Keluarga Bpk. B. Wiharjo/Ibu Yunitri
Dyana & Soffan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar